SESORAH

Sesorah

Sesorah (pidhato)

Pidhato, sesorah utawa medhar sabda iku tegese micara ing sangarepe wong akeh. Medhar saka tembung wedhar tegese metu, wudhar. Nuli dadi medhar kang tegese ngetokake, ngudhar utawa ngandharake. Nuli sabda tegese wicara, omongan. Sabanjure medhar sabda luwih kaprah disebut sesorah utawa pidhato.

Sesorah utawa pidhato darbe setruktur baku, dumadi saka pambuka, isi lan panutup. Ing pambuka umume dumadi loro perangan yaiku uluk salam lan purwaka. Dene isi dadi intining pidhato dumadi saka wigatining atur, katambah pangarep-arep utawa pangajab saka atur iku. Wondene kang pungkasan yaiku panutup. Jenenge wae panutup mesthi wae arupa ukara panutup, lumrahe ukara salam.

Nulis Sesorah utawa Pidhato

Nulis teks pidhato mesti ana pugeran kang kudu dingerteni amrih teks pidhato runtut, menter serta kepenak dipahami para kang mirengake. Mula iku nulis teks pidhato luwih dhisik ngreka cengkorongane. Cengkorongan digawe manut marang struktur baku teks pidhato kaya sing nate kababar ing ngarep kang dumadi saka pambuka, isi lan panutup. Mangkene keterangane:

Pambuka: Ngemot uluk salam, pakurmatan, puji syukur marang Gusti Allah lan panuwun.

Tuladha:

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Kawilujeng, karaharjan, saha berkahing Gusti Allah SWT mugi tansah tumanduk dhumateng panjenengan lan kula. Amin.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kunurmatan, Bapak ibu guru ingkang kula bekteni.

Bapak ibu saha sedherek, saha para lenggah sedaya kang winantu ing karaharjan.

Isi: ngemot bab-bab kang laras klawan tema, subtema lan irah-irahan.

Tuladha:

Pramila kasarasan mujudaken bab ingkang sanget wigatos tumrap ing gesang. Kathah pambudidaya kangge nggayuh kasarasan, salah satunggalipun inggih punika ngreksa karesikan lingkungan. Ingkang makaten mangga sareng-sareng  sengkut serta tlaten anggenipun reresik ing griya, serta lingkungan ing pakarangan. Semanten ugi ing sekolah, saluran toya limbah saking balewisma, kedah ajeg kita resiki. Supados boten wonten toya ingkang ngembeng. Pambudi punika mengku angkah lingkungan kita saking lemut Aedes aegypti  ingkang saged nularaken panandhang DB (demam berdarah).

Panutup: ngemot dudutan/kesimpulan, nyuwun pangapura, salam panutup.

Tuladha:

Makatane ingkang saged kula aturaken, mugi pangertosan ingkang sampun kula aturaken punika gadhah guna mupangat tumrap pagesangan kita sedaya. Bilih pambudi ing resiking lingkungan mujudaken bab wigati saestu tumrap kasarasan bebrayan agung.

Cekap semanten ingkang dados atur kula, kirang saha lepatipun nyuwun pangapunten. Matur agunging panuwun awit saking kawigatosan panjenengan sedaya.

Minangka panutuping atur, kula ngaturaken wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Maca Pidhato

Wondene maca teks pidhato mesthi wae beda klawan maca wacan gancaran utawa crita. Maca teks pidhato kudu nggatekake lafal utawa kedaling tembung lan ukarane, intonasi (seru lirihing swara), tempo (cepet alone), uga ekspresine (polatan). Kanthi mangkono sing mirengake sesorah dadi gampang ngerteni apa ini sesorah utawa pidhato. Sumono uga tumrap sing sesorah kabiji kasil anggone nindakake pidhato utawa medhar sabda.

Mangkene kang kudu digatekake nalika maca teks pidhato.

  • Lafal. Kedal utawa tata pangucape saben tembung nganti ukara kudu bener. Tuladhane bisa mbedakake antarane d karo dha, ta karo tha.
  • Intonasi saben ukara kudu bener. Saben tinemu tandha koma (,) kudu sumene/leren sawetara. Saben tandha titik (.) ya mandheg greg. Ora kena ditabrak banjur wae, kang akibate ngrusak maknane ukara pidhato. Mangkono uga nalika ketemu tandha seru utawa pakon (!) lan tandha pitakon (?) pangucape tetep nglarasake klawan intonasi prentah/pakon utawa pitakon mau.
  • Tempo utawa cepet alone anggone maca sesorah kudu bener. Maca sesorah utawa pidhato ora kena kesusu (cepet-cepet), nanging ora kena uga nglemer utawa laon-alon banget. Migunakake tempo kang pas, supaya wicarane gampang dingerteni klawan sing mirengake pidhato.
  • Pedhotan utawa jeda ing tembung siji lan tembung sabanjure kudu pas. Menawa ana klera klerune pedhotan dadekake ukara ing teks pidhato dadi bubrah lan angel dingerteni dening sing mirengake pidhato. Pendhotan migunakake tandha (/) lan (//).

Tuladhane:

Minangka purwakanin atur //mangga kula dherekaken/ngaturaken puji saha syukur/ 

Ora bener yen

Minangka / purwakaning / atur mangga kula / dherekaken ngaturaken / puji / saha / syukur

Wangsulan pitakon ing ngisor iki!

  1. Medhar sabda saka tembung apa?
  2. Sebabe apa maca teks pidhato beda klawan maca wacan gancaran?
  3. Sebutna setruktur bakune teks sesorah!
  4. Apa wae kang perlu digatekake nalika maca teks sesorah?
  5. Apa kang dikarepake klawan migatekake tempo nalika maca teks pidhato?
  6. Coba wenehana tandha pedhotan kang bener ing ukara iki!

Bapak kepala sekolah bapak ibu guru serta adhik-adhik kelas 1 nganthi kelas 5 ingkang kinasih.


Sumber: Buku Mardika Ngleluri Basa Jawa 5 Penerbit Yudhistira


Pak Guru Badrus
Pak Guru Badrus Seorang lulusan fakultas keguruan dan sekarang aktif mengajar di sekolah dasar.

Posting Komentar untuk "SESORAH"