CERITA WAYANG

Gambar: Adipati Karna dalam wayang kulit
Gambar: Adipati Karna dalam wayang kulit


Wayang Kulit

Wayang kulit yaiku seni tradhisional kang ing crita utawa lakone ngemu maneka piwulang urip. Ki Dhalang minangka juru carita, kairingi gamelan dening niyaga sarta swarawati utawa pesindhen, pakeliran wayang kagelar ing sawengi natas. Lakon kang paling populer ing pakeliran yaiku seri Mahabarata, kang ing puncake dumadhine perang gedhe Bharatayudha, perang antarane bala Kurawa lan Pandhawa.

Karna Madeg Senapati

Perang Baratayuda, perang gedhe antara Pandawa lan Kurawa manggon ing Tegal Kurusetra wis nuwuhake raja pati lan kurban kang ora sethitik. Akeh satria kang wis padha nemahi pralaya. Senopati Kurawa, Pandhita Dhona wis gugur ing madyaning Tegal Kurusetra kaperjaya dening drestadyumna. Sak durunge gugur, Pandhita Dhona wis merjaya Raden Abimanyu Senopatinig Pandhawa. Pandhawa lan Kurawa banjir padha ngrukti layone para Senopati. Mendung peteng angendanu. Jagat prasasat peteng ndhedhet amarga wis akeh Senopati kang gugur ing palagan. Perang Bharatayuda durung rampung. Adipati Karna satriya ing ngawangga Madeg Senopati Kurawa maju ing palagan. Sejatine, Karna wis mangerti Yen mbelani Kurawa Kuwi Dudu tumindak kang becik. Nanging, Karna wis kaputangan Budi karo Duryudana Raja Hastina kang ambeg angkara murka. Mulane dheweke gelem sebaya mukti sebaya pati tegese gelem mbelani Hastina. Adhipati Karna iya aran Suryatmaja iku putrane Bathara Surya lan Dewi Kunthi, mula Karna iku klebu drajating Wasu, yakui manungsa setengah dewa. Mula kuwi, ora mokal yen Karna kasinungan kadigdayan kang linuwih. Kinantenan panah Kuntawijayadanu (Kunta Druwasa), pusakane Karna wujud keris aran Kiai Kaladete (ing padhalangan gagrag Sala sinebut Kiai Jalak). Ajiajine Karna yakuwi kalalupa (bisa ngetokake buta akeh banget), lan Naracabala (bisa ngetokake gegaman maneka warna).

Mangerteni yen senopati Kurawa kang maju ing palagan Adipati Karna, Pandhawa banjur ngutus Raden Gathutkaca dadi senopatine. Raden Gathutkaca putrane Raden Werkudara karo Dewi Arimbi Manjing ing palagan. Raden Gathutkaca satriya ing Pringgondani sekti mandraguna tan tendhas tapak paluning pandhe miwah sisaning gurinda, otot kawat, balung wesi, akulit tembaga, sungsum genggala. Bisa mabur tanpa elar, bisa mlethik tanpa suthang. Nganggo caping basunanda, yen panas ora kepanasan, yen udan ora kudanan. Adipati Karna lan Raden Gathutkaca wis padha bandayuda. Padha adu kasekten, jaya kawijayan, guna kasantikan. Suwe anggone padha bandayuda nganti tekan wengi durung rampung. Raden Gathutkaca mabur ing angkasa, saya dhuwur anggone mabur dimen panah Kuntawijayadanu nimbus ing dadane.

Raden Gathutkaca gugur nalika dina kaping 15 perang Baratayuda. Mangerteni, Gathutkaca gugur ing madyaning palagan dening Adipati Karna, Pandhawa banjur geger. Raden Werkudara ngamuk, ngobrak –abrik sak kiwa tengene palagan. Tegal Kurusetra dadi karang abang. Prabu Kresna kang mangerteni Raden Werkudara ngamuk, banjur ngelingake supaya sabar lan ora tumindak grusa-grusu. Kanggo nerusake perang Raden Arjuna banjur madeg dadi senopati Pandhawa ngandhepi Adipati Karna. Reden Arjuna maju ing madyaning Tegal Kurusetra. Karna lan Arjuna padha adu kadigdayan. Eling-eling, kekarone kaya sedulur sinarawedi, jalaran lahir saka ibu kang padha yaiku Kunthi. Perang prasasat ora ana sing bakal menang amarga kekarone padha-padha sekti mandraguna. Prabu Kresna kang dadi kusire Arjuna tansah wanti-wanti supaya Arjuna ngati-ati anggone perang lan ngeningkake cipta rasa karsa yen tetandhingan lawan Karna. Panengahing Pandhawa iku banjur menthang langkap panah Pasopati. Panah mlesat banter banget ngenani jangggane Adipati Karna. Senopati Kurawa kang madeg senopati iku banjur gugur ing madyaning Tegal Kurusetra. (Karingkes saka Karna Parwa)

Sawuse maca teks crita wayang ing dhuwur, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

  1. Mapan ana ing ngendi tetandingane Adipati Karna mungsuh Raden Arjuna ?
  2. Kenangapa atine Janaka mongkronng nalika numpaki kreta ?
  3. Apa prenahe Prabu Salya karo Adipati Karna ?
  4. Kepriye anggone perang antarane Adipati Karna karo Raden Arjuna ?
  5. Sapa sing menangake peperangan antarane Adipati Karna karo Raden Arjuna ?


Pak Guru Badrus
Pak Guru Badrus Seorang lulusan fakultas keguruan dan sekarang aktif mengajar di sekolah dasar.

Posting Komentar untuk "CERITA WAYANG"