SENI DAN MAKNA PIDHATO DALAM KEBUDAYAAN JAWA


TEKS PIDHATO (TANGGAP WACANA)

Tanggap wacana utawa pidhato perlu keprigelan kang nglampahi olah pikir, olah rasa, lan kepinteran ngomong. Pidhato iku bentuk wicara sing penting kanggo priyayi lan wong terpelajar, supaya bisa ngomong karo cara sing apik lan bisa nangkep apa sing didelengake.

Maca teks pidhato iku ora gampang dibandingake karo maca teks biasa. Teks pidhato iku uga disebut sesorah. Yen maca teks biasa, bisa diwaca kanthi bebas, sing penting ngerti tegese, pesan, utawa informasi sing ana. Nanging yen maca teks pidhato, ora sembarang maca. 

Tujuan pidhato utawa sesorah iku ana lima.

  1. Menehi informasi utawa katrangan sawijining perkara (penyuluhan, kesehatan, pendhidhikan lan sapanunggale)
  2. Menehi hiburan utawa raos panglipur marang pamiyarsa (sabdatama utawa dhagelan)
  3. Menehi palapuran utawa atur palapuran (laporan ketua panitia)
  4. Menehi piwulang (da’i sabdatama, lan sapanunggale)
  5. Mbujuk utawa ajak-ajak supaya sing ngrungokake, nindakake apa aing dikarepake pamicara (kampanye lan sapanunggale)

Pirangan pidhato saora-orane kudu ana sing diarani aturan salam, purwaka, surasa basa/isi wosing pidhato, pangarep-arep lan salam panutup. Salam pambuka isine atur salam. Purwaka isine atur keslametan lan atur pakurmatan marang tamu. Surasa basa utawa isi magepokan karo ancasing adicara (duwe gawe apa). Pangarep-arep isine kekarepan murih acara bisa lancar. Salam panutup lumrahe isi bab atur panuwun lan nyuwun pangapura.

Mangerteni Teks Pidhato

Ngrungokake Pidhato

Gatekno pidhato kang bakal diwacakake dening kancamu!

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Nuwun, para tamu kakung miwah putri ingkang satuhu kinurmatan. Para kadang ingkang kula urmati. Kula pun Gunawan minangka talang aturipun kaluwarga ngaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sadaya. Saderengipun kula matur wonten ngarsa panjenengan sadaya, sumangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi Awit nugraha-Nipun, panjenengan lan kula saged makempal wonten ing griya ngiriki kanthi bagya mulya kalis ing rubeda.

Salajengipun kula ngaturaken panuwun dene panjenengan saya sampun kersa rawuhu nuhoni panyuwunipun sedherek kula inggih Dewi Wulandari. Ingkang dinten menika Mbakyu Dewi Wulandari ambal warsa ingkang kaping pitulas. Mugi Mbakyu Dewi Wulandari saged dados tepa tuladha tumrap para kadang sadaya.

Kajawi saking menika, kula suwun kersa para ingkang sami rawuh paring donga pangestu dhumateng Mbakyu Dewi Wulandari supados sekolahipun lancar. Tansah saras bekti dhateng tiyang sepuh lan migunani tumrap kulawarga, bangsa lan negara.

Kula kinten cekap semanten anggen kula matur, kula nglenggana kathah kalepatan. Mila saking menika kula nyuwun gunging samodra pangaksami. Nuwun.

Wassalamulaiakum warahmatullahi wabarakatuh.

 

Negesi Tembung

Tuladha: contoh

Kadang: sedulur (saudara)

Makempal: nglumpuk (berkumpu)

Griya: omah (rumah)

Bagya mulya: sehat

Kalis ing rubeda: ora ana alangan

Nuhoni: netepi (menepati)

Ambal warsa: ulang tahun

Pak Guru Badrus
Pak Guru Badrus Seorang lulusan fakultas keguruan dan sekarang aktif mengajar di sekolah dasar.

Posting Komentar untuk "SENI DAN MAKNA PIDHATO DALAM KEBUDAYAAN JAWA"